Sumarno HP

Rabu, 16 November 2011

TRADISI “WUNGON SURAN’

Sampun kathah karangan ingkang ngandharaken bab “tradisi suran” ing masyarakat Jawi.  Kula nambahi matur bilih “tradisi suran” ugi saged kangge sarana nguri-uri basa  lan budaya jawi kanthi ngawontenanken  tirakatan  utawi “wungon Suran.”  Tembung “wungon” saking wungu tegesipun melek -- melek-melek -- lek-lekan.  Ing dalu Suro wau para warga RT/RW/dusun saged pinanggih ing bale warga upaminipun wiwit jam 21.00- 23.00 WIB, ngawontenaken tetembangan macapat mangga kersa.
Ingriki dipunaturaken sekar-sekar ingkang saged kaasta ing Dalu Sura Tahun Jawi 1945  karacik dening Paguyuban Gita Adi Solo Baru.Minangka pambuka kaaturaken :
1.     Dhandhanggula Dalu Sura

(1)
Rinancang ing sarkara  Sura  di
Dalu Sura eka suryanira
Para warga golong gilig amrihe
rakiting ulat semu
murwa warsa memetri Jawi
Kautaman elinga
supaya rahayu
Nyuwun luwaring duhkita
kang sinartan daya-dayaning Roh Suci
makarya kagem bangsa
(2)
Rasaning tyas sanityasa miris
yen ta nguni  sawarnining warta
Tsunami, akeh korbane
gunung jugrug lan lindhu
banjir,  rob , lesus nggegirisi
alas kobong, rineka
angkareng pandulu
pegeblug bebendu kalisna
Mangga sami nyuwun wilasaning Gusti
kanthi sungkem ing pada

(1)
Merancang di tembang Sura adi
Malam Suro satu  di bulannya
Para warga satu padu tekadnya
terakit di wajah semu
buka warsa hargai Jawi
Ingat keeutamaan
Slamat bersamamu
Mohon tidak ‘kan  sengsara
yang disertai daya -daya Roh Suci
berkarya untuk bangsa
(2)
Rasa hati terasa  teriris
jika dengar berbagai berita
Tsunami banyak korbannya
gunung mletus dan gempa
banjir, rob lisus, tiada terperi
hutan terbakar nyata
kejahatan kutahu
bencana musibah bebaskan
Mari mohon kerahiman Yang Ilahi
 bersembah kepada-Nya.

2.     Sinom : Amenangi Jaman Edan
Sekar Sinom watakipun canthas, ethes lan mathuk kangge sesorah, paring pitutur ingkang sereng, ugi saged kangge bebukaning carios. Dene cacahing gatra, guru wilangan lan guru lagu saben sapada mekaten : I:8-a; II 8-i; III8-a; IV8-i; V 7-i; VI 8-u; VII 7-a; VIII 8- i; IX12-a;
Kangge sarasehan wongon saged dipunaturaken sekar Sinom ingkang kapethik saking Serat Kalatida  karanganipun R.M.Ng. Ranggawarsita (1802-1873) Pitakenan kula : Menapa sapunika sampun jaman edan?



5   6    1     1  1    1     1    1
Amenangi jaman edan, 
1    2     2  2    1    7      1    2 1
ewuh aya ing pambudi
1     2    2   2     1  6    6     54
Melu edan nora tahan, 
4        4      4   5    4    2   1   2  
yen tan melu anglakoni
4     5    5    5     5    4    56
Boya keduman melik,
5    4   4    4    5   6    4     5
Kaliren wekasanipun
1    2   4     4    4    4    4
Dilalah kersa Allah
4      4     4    5   4     2      1   2
Begja-begjane kang lali,
2     4      5     6      5       5   5    5     6   
luwih bergja kang eling lawan
5 4       2    45
was-pada.

Hidup pada zaman gila
bingung pilih dalam budi
Ikut gila tiada tahan
jika tiada mengikuti
Tiada dapat berbagi
Laparlah pada akhir pun
Sudah kehendak Allah
 Walau bahgia  yang lalai
Lebih bahagia yang ingat dan waspada

3.   ELING LAN WASPADA
Pujangga R.M.Ng. Ranggawarsita nglajengaken  sekar sinom ingkang saged kasekaraken kanthi  senggakan mangga kersa. Ing riki kaaturaken tuladha  seratan Ibu Widyastuti Nurhadi.


Sageta sabar santosa
mati sajroning ngaurip
kalis ing reh aruraha
murka angkara sumingkir
tarlen meleng malat sih 
sanityaseng tyas mamatuh
badharing sapudendha
antuk mayar sawatawis
borong angga suwarga mesi martaya


Bisalah sabar sentosa
mati  dalam hidup ini
luput dari huru hara
murka angkara menyingkir
Kami mohonkan kasih
senantyasa hati patuh
(agar) bebas dari hukuman
dapat ampun  sekadarnya
Kami pasrah sepenuh jiwa dan    raga
 Senggakan : 
1)      Jagone wiring kuning Kristus Raja / papan wening nyatane ngono
2)        Gusti Allah sembahan kang satuhu / sumungkem marang Allah kanthi tumuse kalbu
3)      Grija Kristus Raja ayo kanca / dha grumegah ngono..ee..ya ngono..
4)      orang aring kudu eling sing peparing
5)      Ela elo..ela eeelo…, Ayo kanca padha manut, yo…
6)      Mampir Mas mangga mampir, pir mampir, / urip mung amampir ngombe. Mampir, mampir,
7)      Pupus gedhang raja Gusti Yesus nggo tuladha, ngono ee ya ngono..
8)      Pring  ori  nggo  sulingan  / bekti Gusti liwat sembahyang, ayo dha sembahyang
9)      Yo, ayo ayo ja mung kepepet



4.     Sinom Pitutur :
Pra mudha wajib ngupaya
Ngupaya kawruh utami
Utamaning kasampurnan
Sampurnaning lahir batin
Batine kudu den isi
Ingisi kawruh myang ngelmu
Ngelmu kang nora samar
Samaring sagung ngaurip
Uripira den gegulang kang prayoga

Pra mudha  wajib  (ber-) upaya
(ber-) Upaya ilmu utama
Keutamaan sempurna
Kesempunaan  lahir batin
Batin harus diisi
Diisi pengalaman dan ilmu
Ilmu yang tiada samar
Yang samar segnap hidup
Hidupmu dengan laku yang pantas

5.     KINANTHI :
Sekar kinanthi  watekipun seneng, tresna, mathuk kangge mulang muruk, kangge gandrung lan bebukaning carios.
(1)
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
(2)
Dene awas tegesipun
weruh warananing urip
miwah wasesaning tunggal
kang atunggil rina wengi
kang mukhitan ing sakarsa
gumelar ngalam sakalir
(3)
Sirnakna semanging kalbu
den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
sinuda saking sathithik
pamothaing nafsu hawa
linalantih amrih titih

(1)
Halnya sbagai kawan hidup
Slamanya trus sadar diri
‘kan ingat lukisan alam
Jadi mulia yang terjadi
Supaya lepas sengsara
Itu menjaga hidup ini
(2)
Halnya awas yang dimaksud
tahu hidup yang misteri
serta kuasa Hyang MaEsa
yang menyatu siang malam
yang dalam sgala kehendak
m’bentang alam raya ini
(3)
lenyapkan khawatir di kalbu
dan waspada pandang ini
itu jalan yang sempurna
kurangi dari sedikit
kerewelan nafsu hawa
paksakanlah agar pergi


6.     Asmaradana

Anane tulisan Jawi
Karangane Ajisaka
Ana rong puluh cacahe
Kapisan ha-na-ca-ra-ka
Kapindho da-ta-sa-wa-la
Pa-dha-ja-ya-nya, katelu
Kaping pat ma-ga-ba-tha-nga
                  (kakintun Pak Sibung)


Adanya tulisan Jawi
Pengarangnya Ajisaka
Ada dua puluh jumlah
Pertama ha-na-ca-ra-ka
Kedua da-ta-sa-wa-la
Pa-dha-ja-ya-nya ketiga
Keempat ma-ga-ba-tha-nga



Kathah tiyang ingkang sampun nerangaken lan nafsiraken bab aksara jawi lan fisafatipun. Bilih ha-na-ca-raka = wonten utusan, da-ta- sa-wa-la = naminipun utusan Data lan Sawala = utusan boten saget nolak dhawuh; pa-dha-ja-ya-nya = (kekalih) sami-sami digdaya (sakti) ma-ga-ba=tha-nga= kalih-kalihipun perang  lan pejah dados bathang.. Lho menapa sebabipun kok ngantos perang? Inggih, amargi ical kapitadosan antawisipun kanca / abdi Negara, sami rebut bener masalah prosedur lan bukti hukum Serat Perintah ! Mugi sami emut para Abdi Negari punika.
Mbokbilih wonten ingkang nganggep  aksara (huruf) punika  namung gambar utawi tanda tulisan, lan cata nulisipun boten praktis, saget kemawon katilar. Mila kathah tiyang jawi sampun boten saget nulis lan maos ngangge aksara jawi. Inggih amargi huruf jawi punika sifatipun silabis, setunggal huruf nelakaken 1 suku konsonan lan vocal, lan angel nyeratipun. Dados benten kaliyan Latin ingkang fonemis ( setunggal huruf nelakaken setunggal swanten lan langkung gampil.

7.       MEGATRUH :  Sang Jagat Nata Ngadili

(1)
Eling lan waspada sikap batin tuhu
Saiyeg saeka kapti
Nunjem jero mring dedunung
Tan ucap suwung lan wening
Nunggal Gusti lan kawula
(2)
Mring pepadha dadya priyangga kang nggugu
marang dhawuhe Hyang Widi
mring wong ngorong paring banyu
kang kluwen tampi rizki
nulung kang nandhang sangsara

(3)
Wus kacetha Gusti kang paring pitutur
Sang Jagat Nata ngadili
kabeh jalma kang lumaku
Sing nalingsir mlebu geni
Sing setya munggah ing swarga
                                               Sarkaraadi

(1)
Ingat dan waspada sikap batin sungguh
Satukan pikir dan budi
Masuk dalam asal-usul
Tak bicara, kosong, hening
Satukan diri ke Tuhan
(2)
’tuk sesama  jadi manusia yang patuh
akan perintah Hyang Widi
Brikan minum yang haus
pada yang lapar bri nasi
dan membantu yang sengsara
(3)
Trang sudah Tuhan telah bersabda sungguh
Raja smesta  ‘kan adili
smua tindak perilaku
Yang melanggar masuk api
Yang setia masuk surga

                                                                     Solo Baru,  November 2011

0 comments:

Posting Komentar