Sumarno HP

Kamis, 19 Desember 2013

SEKAR PANGKUR



SEKAR PANGKUR WEJANGAN ING ARDI
(Sumarno Hp)
01.  Tujuan Piwulang Nembang (Kaaturaken mawi basa ngoko)

Bocah saiki.  kejaba sing wis studi ing SMKI, arang kang bisa nembang Jawa.  Sebab tembang-tembang kaya dene : tembang macapat, tembang tengahan, tembang gedhe, tembang gendhing,  wis ora ditembangake ing piwulang bahasa Jawa Sekolah dasar. Dene upama isih ana Sekolah Dasar kang menehi piwulang nyekar, ya mung ing sekolah padesan utawa kang gurune bisa lan seneng nguri-uri budaya Jawa. Pancen tembang kang diajarake ing Sekolah Dasar awujud tembang-tembang dolanan kang disenengi bocah, kaya dene : Menthok Menthok, Gajah Gajah, Kate Kate Dipanah, Aku Duwe Pitik, Kembang Jagung, Jambu Dresana, Jamuran, Cublak-cublak Suweng,  Padhang Bulan, lan sapanunggalane. Nanging tembang dolanan iku mau saiki meh orang dikenal maneh.

Sejatine eman-eman yang tembang-tembang iku ilang. Wong-wong kudu bisa nyinau lan nyipta maneh kanggo ngrembakakake kabudayan Jawa. Ing sekolah piwulang nyekar mesti digatekake maneh, ancase pirang-pirang, yaiku :
a.    Nggladi nglatih bocah supaya bisa nembang kanthi sae lan prayoga, runtut lan enak kaprungu.
b.    Kanggo nggladi alusing bebuden amarga tembang iku ngemu piwulang lan pitutur kang apik.
c.    Kanggo nuwuhake rasa pangrasa Jawa, tresna marang nusa bangsa.

02.  Watak Sekar Pangkur

Saben tembang iku duwe watak dhewe-dhewe, ana kang ngemu surasa sumanak, nepsu,  gregeten, prihatin,  canthas, ethes, seneng- tresna, ngresepake, ngeres-eresi, gagah. mawanti-wanti, lan sereng.  Dene rasaning tembang iku bisa tinemu ing guru lagu, endahing swara, caraning nyekar lan isi tetembungan sajroning tembang, Yen wong kepengin nglahirake rasa pangrasa lan kawruh bisa milih tembang-tembang kang cocok.

Dene tembang pangkur iku sawijining tembang macapat kang duwe watak sereng, serius, mawanti-manti, cocok kanggo paring pitutur, kanggo bebukaning crita lan gandrung sereng. Saoada tembang Pangkur ana 7 gatra kanthi guru lagu lan guru wilangan mangkene : gatra I. 8-a, Gatra II. 11-i  gatra III. 8-a, gatra IV. 7-a, gatra V. 12-u, gatra VI. 8-a, gatra VII, 6-i. Minangka conto kaaturake rongpada tembang Pangkur kan kanggo ajar nembang dicaoisi notasi angka kang gampang :

PANGKUR
(Saka Wedhatama karangan KGPAA Mangku Negara IV)

(1)         
3    5     5      5         5     5     3     3
Ji-ne - jer    neng   we-dha  -ta- ma,
3         5     5     6     1      1       1    1      2      3     21
Mrih tan   kem-ba  kem-bang-an- ing    pam-bu- di,
5         6    1    1       1    1     2     2 
Mang-ka   na-dyan  tu-wa   pi-kun
1      6      5    5   5    5    45
Yen tan   mi-ka-ni   ra -  sa
5      5    5   6    6  1   1     1    1   2       3      3 
Yek-ti    se-pi   a- se-pe    lir  se-pah   sa-mun
6     1        1   1    1    1    1    1 
Sa-mang-sa-ne   pa-sa-mu-an
1      2      3      1        2    3    3     21
Go-nyak ga-nyuk ngle-ling-se-  mi

                           (2)
Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo peparah lawan angling,
lumuh ingaran mbalilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.

Dene wedharan tembang dhuwur iku bisa diaturake kanthi basa krama mangkene:
1.    Kados ingkang sampun kapacak ing serat Wedhatama, supados boten kemba utawi kirang ing raos lan pangangkah, tiyang ingkang sampun kawastanan sepuh sanget (pikun) menawi boten migatosaken raos-pangraos ing sesrawungan, sanyata boten migunani kados ampas kemawon sepa boten wonten raosipun. Tumindakipun gonyak-ganyuk boten etis ngisin-isini.
2.    Wonten tiyang ingkang nggugu utawi nuruti kajengipun piyambak, boten emut dhateng peparah norma-norma ingkang sae, boten purun kasebat mbalilu, lan remen jaim (jaga image) dipun alem. Nanging tiyang ingkang sampun waspada ing semu, mangertos raos, dipun aturi kanthi samudana, sampun pirsa kersanipun tiyang sanes lan katampi sae.  

Sabanjure Ing ngisor iki diaturake pupuh tembang Pangkur kang isine ngaturake wejangan Sang Guru Agung ing ngandhaping gunung, kaserat ing sekar dening abdi Dalem saka Langenharjo Solo Baru.

03.  PANGKUR WEJANGAN ING ARDI

                  (1)
Tan mingkur ngadhep  mring arga
mugi kaluwarna  saking baya pati
lelara maneka warna
kalimput ing panandhang
Gya pasrah lan manembah mring Hyang Agung
Gusti paring sabda tama
sewaka ngandhaping  hardi

                   (2)
Bagya wong kang miskin papa
amarga  bakal padha  diparingi
nugroho kratoning swarga
Jer manembah ing Pangran
rasa rumangsa sudra padha kasinung
bandha donya bakal sirna
tyas suci gawe lestari



                   (3)
Bagya wong kang ngelih ngelak
wit arsa  pinaringan bojakrami
Uga  wong kang mbrebes waspa
bakal ngguyu gumbira
Kang kawedhar Gusti ing arga sawegung
marang wong kang lembah manah
kepareng  duweni bumi  

                   (4)
Bagya wong kang ambeg darma
awit nampa kamirahaning Gusti
Lan wong kang resik ing manah
nyawang endahing surya
Dene  wong kang gawe tentrem lan rahayu
den  sinebut putra tama
tampa tentreming ati

                   (5)
Bagya urip ing pepadhang
tumindak  bener lan suci ing  ati
Sanadyan antuk pepalang
kadya senapati prang
tan ajrih kinepung  mengsah
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
nggayuh raharjaning bangsa
ngudi kamardikan jati.

                    (6)
Cilaka wong urip mursal
mung mburu nafsu lan senenging ati,
uga wong kang adol nyawa
mrih antuk pasugihan
Dadya pepeling  kang sugih bandha bandhu
tan nganti tuwuh lelara
ngguya-ngguyu tibeng pati

                     (7)
Cilaka wong yen diuja
seneng dhahar nendra  urip linadi
uga wong sing antuk kuncoro
disanjung lan dipuja
kaya nguni mring para priyangga palsu
sanyata mung dodol swara
apes wong iku dipuji.

Muga-muga tembang Pangkur iki migunani kanggo ngisi yen ana sarasehan utawa lek-lekan ing lingkungan.

Solo Baru.  Desember 2013


0 comments:

Posting Komentar