Sumarno HP
Tampilkan postingan dengan label Karya Seni. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Karya Seni. Tampilkan semua postingan

Kamis, 19 Desember 2013

SEKAR PANGKUR



SEKAR PANGKUR WEJANGAN ING ARDI
(Sumarno Hp)
01.  Tujuan Piwulang Nembang (Kaaturaken mawi basa ngoko)

Bocah saiki.  kejaba sing wis studi ing SMKI, arang kang bisa nembang Jawa.  Sebab tembang-tembang kaya dene : tembang macapat, tembang tengahan, tembang gedhe, tembang gendhing,  wis ora ditembangake ing piwulang bahasa Jawa Sekolah dasar. Dene upama isih ana Sekolah Dasar kang menehi piwulang nyekar, ya mung ing sekolah padesan utawa kang gurune bisa lan seneng nguri-uri budaya Jawa. Pancen tembang kang diajarake ing Sekolah Dasar awujud tembang-tembang dolanan kang disenengi bocah, kaya dene : Menthok Menthok, Gajah Gajah, Kate Kate Dipanah, Aku Duwe Pitik, Kembang Jagung, Jambu Dresana, Jamuran, Cublak-cublak Suweng,  Padhang Bulan, lan sapanunggalane. Nanging tembang dolanan iku mau saiki meh orang dikenal maneh.

Sejatine eman-eman yang tembang-tembang iku ilang. Wong-wong kudu bisa nyinau lan nyipta maneh kanggo ngrembakakake kabudayan Jawa. Ing sekolah piwulang nyekar mesti digatekake maneh, ancase pirang-pirang, yaiku :
a.    Nggladi nglatih bocah supaya bisa nembang kanthi sae lan prayoga, runtut lan enak kaprungu.
b.    Kanggo nggladi alusing bebuden amarga tembang iku ngemu piwulang lan pitutur kang apik.
c.    Kanggo nuwuhake rasa pangrasa Jawa, tresna marang nusa bangsa.

02.  Watak Sekar Pangkur

Saben tembang iku duwe watak dhewe-dhewe, ana kang ngemu surasa sumanak, nepsu,  gregeten, prihatin,  canthas, ethes, seneng- tresna, ngresepake, ngeres-eresi, gagah. mawanti-wanti, lan sereng.  Dene rasaning tembang iku bisa tinemu ing guru lagu, endahing swara, caraning nyekar lan isi tetembungan sajroning tembang, Yen wong kepengin nglahirake rasa pangrasa lan kawruh bisa milih tembang-tembang kang cocok.

Dene tembang pangkur iku sawijining tembang macapat kang duwe watak sereng, serius, mawanti-manti, cocok kanggo paring pitutur, kanggo bebukaning crita lan gandrung sereng. Saoada tembang Pangkur ana 7 gatra kanthi guru lagu lan guru wilangan mangkene : gatra I. 8-a, Gatra II. 11-i  gatra III. 8-a, gatra IV. 7-a, gatra V. 12-u, gatra VI. 8-a, gatra VII, 6-i. Minangka conto kaaturake rongpada tembang Pangkur kan kanggo ajar nembang dicaoisi notasi angka kang gampang :

PANGKUR
(Saka Wedhatama karangan KGPAA Mangku Negara IV)

(1)         
3    5     5      5         5     5     3     3
Ji-ne - jer    neng   we-dha  -ta- ma,
3         5     5     6     1      1       1    1      2      3     21
Mrih tan   kem-ba  kem-bang-an- ing    pam-bu- di,
5         6    1    1       1    1     2     2 
Mang-ka   na-dyan  tu-wa   pi-kun
1      6      5    5   5    5    45
Yen tan   mi-ka-ni   ra -  sa
5      5    5   6    6  1   1     1    1   2       3      3 
Yek-ti    se-pi   a- se-pe    lir  se-pah   sa-mun
6     1        1   1    1    1    1    1 
Sa-mang-sa-ne   pa-sa-mu-an
1      2      3      1        2    3    3     21
Go-nyak ga-nyuk ngle-ling-se-  mi

                           (2)
Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo peparah lawan angling,
lumuh ingaran mbalilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.

Dene wedharan tembang dhuwur iku bisa diaturake kanthi basa krama mangkene:
1.    Kados ingkang sampun kapacak ing serat Wedhatama, supados boten kemba utawi kirang ing raos lan pangangkah, tiyang ingkang sampun kawastanan sepuh sanget (pikun) menawi boten migatosaken raos-pangraos ing sesrawungan, sanyata boten migunani kados ampas kemawon sepa boten wonten raosipun. Tumindakipun gonyak-ganyuk boten etis ngisin-isini.
2.    Wonten tiyang ingkang nggugu utawi nuruti kajengipun piyambak, boten emut dhateng peparah norma-norma ingkang sae, boten purun kasebat mbalilu, lan remen jaim (jaga image) dipun alem. Nanging tiyang ingkang sampun waspada ing semu, mangertos raos, dipun aturi kanthi samudana, sampun pirsa kersanipun tiyang sanes lan katampi sae.  

Sabanjure Ing ngisor iki diaturake pupuh tembang Pangkur kang isine ngaturake wejangan Sang Guru Agung ing ngandhaping gunung, kaserat ing sekar dening abdi Dalem saka Langenharjo Solo Baru.

03.  PANGKUR WEJANGAN ING ARDI

                  (1)
Tan mingkur ngadhep  mring arga
mugi kaluwarna  saking baya pati
lelara maneka warna
kalimput ing panandhang
Gya pasrah lan manembah mring Hyang Agung
Gusti paring sabda tama
sewaka ngandhaping  hardi

                   (2)
Bagya wong kang miskin papa
amarga  bakal padha  diparingi
nugroho kratoning swarga
Jer manembah ing Pangran
rasa rumangsa sudra padha kasinung
bandha donya bakal sirna
tyas suci gawe lestari



                   (3)
Bagya wong kang ngelih ngelak
wit arsa  pinaringan bojakrami
Uga  wong kang mbrebes waspa
bakal ngguyu gumbira
Kang kawedhar Gusti ing arga sawegung
marang wong kang lembah manah
kepareng  duweni bumi  

                   (4)
Bagya wong kang ambeg darma
awit nampa kamirahaning Gusti
Lan wong kang resik ing manah
nyawang endahing surya
Dene  wong kang gawe tentrem lan rahayu
den  sinebut putra tama
tampa tentreming ati

                   (5)
Bagya urip ing pepadhang
tumindak  bener lan suci ing  ati
Sanadyan antuk pepalang
kadya senapati prang
tan ajrih kinepung  mengsah
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
nggayuh raharjaning bangsa
ngudi kamardikan jati.

                    (6)
Cilaka wong urip mursal
mung mburu nafsu lan senenging ati,
uga wong kang adol nyawa
mrih antuk pasugihan
Dadya pepeling  kang sugih bandha bandhu
tan nganti tuwuh lelara
ngguya-ngguyu tibeng pati

                     (7)
Cilaka wong yen diuja
seneng dhahar nendra  urip linadi
uga wong sing antuk kuncoro
disanjung lan dipuja
kaya nguni mring para priyangga palsu
sanyata mung dodol swara
apes wong iku dipuji.

Muga-muga tembang Pangkur iki migunani kanggo ngisi yen ana sarasehan utawa lek-lekan ing lingkungan.

Solo Baru.  Desember 2013


Selasa, 05 Juni 2012

SEKAR CANGKRIMAN


LELAGON PUCUNG LAN DURMA

Di jagad Jawa terdapat berbagai bentuk cangkriman, yakni teka-teki yang berupa kalimat-kalimat dalam percakapan dan tembang untuk dijawab atau ditebak dengan tujuan menjalin suatu hubungan baik sekaligus mengasah otak dan menerbitkan kegembiraan. Kalimat cangkriman menggunakan kata-kata konotatif yang mengarahkan orang kepada maksud, tebakan atau jawaban tertentu. Beberapa bentuk cangkriman tersebut, yakni :
1.     Cangkriman Percakapan Sehari-hari
Contoh :
Parno : Ayo tak tantang bedhekan ! Nalika isih cilik klambenan, nanging yen wis gedhe wuda. Apa iku? ( Ayo kutantang berteka-teki. Waktu kecil berbaju, setelah besar telanjang. Apa itu?
Parja  : Wah, kuwi saru, porno banget ! Kowe kuwi aja gawe cangriman rusuh, Parna ! (Ah, itu tak sopan, porno ! Kamu jangan buat teka-teki kotor, Parna! )
Parno : Lho piye ta ? Dasar kowe ora bisa mbatang. Nalika isih cilik nganggo klambi  iku bung, yen wis tuwo iku pring.
Parjo :  Ya, genti tak bedheki. Emboke dielus-elus, anake diidak-idak. Apa ? ( ya, ganti aku yang tanya. Ibunya dibelai-belai, anaknya diinjak-injak. Apa?)
Parna:  Bedhekanmu gampang. Iku andha. Wis, tak bedheki maneh. Pitik walik saba kebon, iku apa? (Teka-tekimu mudah. Itu tangga. Orang naik tangga, tangannya pegang bamboo dan kaki menginjak anak tangga). Sudah, kuberi teka-teki lagi, ayam berbulu balik sering ke kebun , itu apa? )
Parjo  : Apa. Ya ? (Apa, ya?)
Parno : Kalah maneh. Iku nanas ! ( Kalah lagi. Itu nanas ! )

2.     Cangkriman Percakapan Halus.
Pak Krama :  Wah, njanur gunung Pak Bayan tindak ingriki ! ( Wah, tumben, Pak Bayan mau datang ke sini )
Pak Bayan : Inggih,, badhe nyaosi undhangan e-KTP. ( Benar saya akan memberikan undangan e-KTP)
Pak Krama  :  Matur nuwun.  (Terima kasih)
Keterangan :
Nyanur gunung dari kata janur gunung artinya daun muda seperti daun kelapa yang tumbuh di gunung, yakni pohon aren. Kata aren menyarankan timbulnya kata kadingaren yang berarti tumben. Kita menemukan banyak cangkriman, termasuk bentuk-bentuk singkatan gabungan suku kata (akronim), antara lain:
·         Jenang gula kowe aja lali marang aku iki, ya Kang Mas.
·        Nyaron bumbung nganti cengklungen aku ngenteni.
·        Jenang sela wader kalen sesonderan. Apuranta yen wonten lepat kawula.
·        Kolik priya priyagung anjani putra. Tuhu eman wong anom wedi kangelan.
·        Inggih, kula rek gambar kucing mawon. Dherek wonten wingking.
·        Kae, Mbak Parni karo Mas Parno iku rak ngga pek ngga. Tangga ngepek tangga.

3.     Cangkriman Wejangan
Rupanya cangkriman tidak hanya dipakai dalam percakapan sehari-hari oleh anak-anak, tetapi juga dalam kesenian wayang. Tokoh yang sering menggunakan cangkriman dalam percakapan bukan hanya para panakawan (abdi ksatria) seperti Semar Gareng Petruk, melainkan juga ksatria, raja dan brahmana. Cangkriman yang dipakai panakawan hanya sekedar untuk menghibur membuat penonton tertawa, sedangkan cangkriman yang disampaikan para ksatria, raja dan kaum brahmana dimaksudkan untuk memberikan wejangan atau ajaran luhur.

Berikut ini cangkriman dalam percakapan antara Yaksa (raksasa) dengan Raja Darmaputra.
Yaksa          :
Apa kang abote ngungkuli bumi? Apa kang luwih dhuwur tinimbang langit? Apa kang luwih rikat tinimbang thathit? Apa kang luwih akeh tinimbang suket?
( Apa yang lebih berat daripada bumi? Apa yang lebih tinggi daripada langit? Apa yang lebih cepat daripada petir? Apa yang lebih banyak daripada rumput?)
Pertanyaan Yaksa (raksana) itu dijawab dengan baik oleh Sang Darmaputra.
Sang Darmaputra :
Kang luwih abot tinimbang bumi iku biyung. Kang luwih dhuwur tinimbang langit iku bapa. Kang luwih rikat tinimbang thathit iku cipta. Kang luwih akeh tinimbang suket iku gagasaning manungsa.      
(Yang lebih berat daripada bumi adalah ibu. Yang lebih tinggi daripada langit adalah bapa / ayah. Yang lebih cepat daripada petir adalah cipta / pikir. Yang lebih banyak daripada rumput adalah gagasan manusia.)
4.     Cangkriman Tembang
a.     Tembang macapat yang sering digunakan menyampaikan cangkriman adalah tembang Pucung dan Durma Di sini diberikan contoh tembang yang berisi cangkriman

PUCUNG GAGAD RAHINA ( Laras Slendro Pathet Sanga)
No. 1 : thathit / petir
5    5    3     2    2    3    6  61     6    5     3     2      2   3   5   2    1   6
Bapak pucung, bleger si-rah   klawan gembung,  padha di-kun-ja-ra
2   2    2   2   3     1    6    5  ‘ 5    6   1  2 . 1  1   2  6   1  2  32    1
Padha sajroning nga-u-rip, mbi-jig bata   nuli  u-rip  sage-byar-an

No. 2 :  Watu-krikil
Bapak pucung, anake bapa lan biyung, nanging dudu kakang,
Dudu mbakyu dudu adhi. Lah batangen bapak pucung iku apa ?

No.3 : alu/ penumbuk padi
Bapak pucung rupane saengga gunung, tan ana kang tresna
Saben uwong mesti sengit. Yen kanggonan den lus-elus tinangisan.

No.4 : Jun / klenting / tempat membawa air
Bapak picung dudu watu dudu gunung, sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering, prapteng wisma  si pucung mutah kuwaya

No.5 : gajah
Bapak pucung, gedhe dhuwur sikil bumbung. Siyunge kang dawa
Kuping amba mripat cilik. Yen lumaku si pucung lembeyan grana.

No. 6: ponsel.
Bapak pucung maca nulis klawan ngetung, digegem diasta
Kanggo matur klawan nguping, saben-saben si pucung dahare arta.

Pucung di atas dapat dinyanyikan dengan bahasa Indonesia
1)    Bapak pucung wujud kepala dan gembung, s(e)mua dipenjara
Slama hidup kan menjerit. Sruduk batu lalu menyala sekilas.
2)    Bapak pucung anak ayah bunda kandung, tapi bukan kakak,
Bukan mbakyu ( kakak perempuan) bukan adik. Nah, tebaklah bapak pucung itu apa?
3)    Bapak pucung rupanya seperti  gunung, tak ada yang cinta.
setiap orang pasti benci. Kalau ditempatkan dibelai bertangisan.
4)    Bapak pucung bukan batu bukan gunung, pergimu ke sendang
Hinggapmu di lambung kiri, sampai rumah si pucung tumpah airnya.
5)    Bapak pucung tinggi besar kaki bumbung ( potongan bamboo) Taringnya nan panjang. T(e)linga lebar mata sempit. Si pucung berjalan berayun hidungnya.
6)    Bapak pucung baca tulis dan berhitung, digeggam di bawa,
Ntuk bicara memerhati, tiap kali si pocung memakan uang.

b.     DURMA  Pelog Barang
Tembang ini termasuk golongan tembang macapat yang hanya terdiri atas tujuh gatra. Isi tembang berupa teka-teki. Apa itu?

TAHU KUPAT
3       5     6     7    7   7    7    7    6   67    5   32
 Paman-paman a- pa  wartane   ing  da-lan
2      3    5   5     5   5   5    2   3     2  7    5  6 
nDalan a-keh pepati      mati  kena   a-pa?
6    6     6     6  6  7  56     6   7    2  2    2    1       2  32
Mati  den  kani-a-ya       tigas  jaja   trusing   gi-gir
5       6     7    5    3 2  ‘ 7   7    7  7    7     5     7 65
Suk-ma-nya i-lang,    raga   kari   ngalin-thing

( Paman-paman apa berita di jalan
(di)Jalan banyak yang mati . Mati kena apa?
Matinya dianiaya, dada belah punggung sampai
Sukmanya hilang ,  badan tinggal kerut kering )

c.        Tembang Dolanan yang liriknya bebas tidak terikat guru wilangan (jumlah suku kata) dan guru lagu (sajak akhir). Nyanyikan tembang berikut:
NYATA KOWE WASIS ( Benar Kau Pintar? Anonim )
Buka Celuk :   
                                               6                3
3     5    6   7   2   3      3  .  3    2   7     5      6   7  .   6     5    3  .
Nyata  kowe  wasis – sis , bedheken  sing  gelis-    lis   -lis -lis
Ji-   ka  kamu  pintar-  tar,  tebak-lah  yang  benar-nar-nar- nar

6              7     6     5    3     2
5       6     7  .  6  .  5  . 3  .  2
Cangkriman   te-lu      i-   ki :
te-bak-   an     ti-ga    i-   ni :

5     6                5           6     2      3      5         6    5  
.  .   6        6      6    6     6     6   .  7 2   3    2   7    5   6     .  . 
   Jang-krik sungut  sla-  we   ba-   tanga- ne  a-pa?
 Jeng-krik sungut  benang  te-     bakannya a-pa?

        6               5          6    2       3       5         6    2    
6      6        6     6    6    6  .   7  2   3   2   7    5    6     ,    ,  
Ma-nuk  ndha-se  te-  lu,    ba-    tangane   a-pa ?
K(e)pala   burung  sa- yap,  te-    bakannya  a-pa?

       7      2       3             2             7    6          7        6       3        6  
6    7  2   7  2   3        3     .    2       7  .  5  6      7   ,    6       5        3 
Ba-pak  de-   mang-mang ‘ klambi     a-     bang-bang-bang -bang
Ba-pak  de-   mang-mang ‘  ba-   ju   me-  rah  - rah-  rah    rah

6           7      6      5     3      2  //
5     6    7  .   6  .   5  .   3  .    2  //
Di-su-duk   manthuk-manthuk
Di tu- suk   ang- guk–ang- guk

Jawaban:
1)    Jangkrik sungut slawe ( jengkerik bersungut benang ) adalah sekoci mesin jahit yang mengikat benang dari bawah stitch, atau gulungan benang dalam bamboo benang pakan pada alat tenun tradisional.
2)    Manuk dhase telu. Burung atau ayam yang kepalanya bersembunyi pada bulu sayap. Telu dari kata tel-dibuntel- lu- wulu.
3)    Pak demang klambi abang adalah bunga pisang  atau tuntut. Jika ditusuk pasti pohon pisang itu bergoyang-goyang.

Solo Baru,   Juni 2012