There are two kinds of gamelan Jawa ( Javanese musical instruments), gamelan laras pelog ( pelog mode) and gamelan laras slendro ( slendro mode). The sounds of gamelan pelog differs from gamelan laras slendro. The interval of tones are as in the diatonic music, from: ji – ro – lu – pat – ma – nem- pi – ji or do-re-mi-fa-so-la-si-do, which could be written as 1- 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – 7 – 1, while the distinction of gamelan slendro has fives tones, those are ji-ro-lu-ma-nem-ji or 1-2-3-5-6-1
Gamelan slendro and pelog are used as an instrumental music in performing the song and the wayang play. The development of these two modes or systems of music in the history of Javanese art is difficult to trace accurately. Many different gamelan tones are used in the course of the wayang play to create atmosphere and to provide dramatic accompaniment. Expression of joy, sorrow, anger are indicated by different gamelan tones and by some kinds of song.
Dhandhanggula
We can use the dhandhanggula song to express the sweetness of life, the joy, and to educate the peoples with the moral values. The verses of the song consist of 10 phrases with some syllables and rhymes which are as follows: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a. According to the structure of norm. and the function of song. in the society, the dhandhanggula song is called tembang macapat. .I give some examples written by Sumarno Hp. In Javanese language.
Memetri Bumi (1)
Pilih salah satu laras Slendro (SL9) atau Pelog ( PL 6 )
Sl 2 5 6 6 ‘ 6 1 2 2 2 2
Ri-nan-cang ing sar-ka-ra nu-jwa- ri
PL 6 1 1 1 ‘ 1 2 2 2 2 2
SL : 2 2 6 16 ‘ 6 6 6 6 6 56
Sa-mya ngru-wat do -nya mrih les-ta-rya
Pl: 1 1 12 1 6 5 5 5 5 5
Sl : 5 6 6 6 ‘ 6 6 16 5
Ingkang en-dah sa-wang-a- ne
Pl : 6 1 1 1 1 1 121 65
Sl : 6 1 2 1 61 5 6
Ra-kit-ing u- lat se- mu
PL: 5 6 1 1 1 123 1
SL : 6 6 61 2 2 2 2 2 16
Mur-wa ka -la me-me-tri bu- mi
PL : 6 56 2 1 1 1 1 216 61
SL : 1 2 2 2 2 2 2
Ha-wa pa- nas e- li- nga
Pl: 1 2 2 2 2 2 2
SL : 3 5 1 1 21 65
Su- pa- ya ra- ha- yu
PL: 1 6 1 1 121 65
Sl :: 1 2 2 2 ‘ 2 2 2 2
Nyuwun lu- war ing duh-ki- ta
Pl: 5 6 1 1 1 1 1 1
Sl: 5 3 2 1 6 6 6 6 6 6 1 2 2
Mu-gi Gus-ti pa-ring ten-trem-ing na-ga- ri
Pl: 1 1 12 1 ‘ 1 ‘ 6 5 5 5 6 12 2
Sl: 2 2 2 , 1 12 61 1
Ra-ha-yu-ning ba- wa -na
PL: 5 6 1 1 1 23 21
Versi Indonesia :
Terancang di tembang indah ini
semua sadar agar dunia ada
panorama indah damai
tersirat wajah syahdu
mulai waktu menghijau bumi
hawa panas terasa
jadi segar slalu
mohon lepas dari duka
Smoga kita tentram Tuhan memberkati
selamatlah dunia
MEMETRI BUMI (2)
(Pupuh / ayat / bait ke-2 )
Rasaning tyas sanityasa miris (10 syllables, end sound i)
Yen ta nguni sawarnining warta (10 a)
Tsunami, akeh korbane (8 e)
Gunung jugrug lan lindhu (7 u)
Banjir, rob , lesus nggegirisi (9 i)
Alas kobong, rineka (7 a)
Angkareng pandulu (6 u)
Pegeblug bebendu kalisna (8 a)
Mangga sami nyuwun wilasaning Gusti (12 i)
Kanthi bekti makarya (7 a)
Tembang berikut dapat dinyanyikan pada upacara pernikahan dengan berbagai gaya.
Dhandhanggula Midadareni
(1)
Sun Rumpaka ing sarkara manis
Manjing ing tyas kekalih ing sedya
Priyo wanita mulane
Tinitah tresna tuhu
Inggih putri kang asih bekti
Sampun dangu amulat
Priyo tresna estu
Bagus putra ingkang prasaja
Nunggal tresna jiwa raga sung prajanji
Ing ngarsaning Hyang Rama
(2)
Sekaring tyas tresna kang nyawiji
Kadya dlancang sinerat rudiro
Tresna manjing kadi dene
Agni rupi amurub
Kang linangkung santoseng pati
Bena dhatan ngentirna
Tirta tan kadulu
Putriadi priyatama
Dhatan kengguh janma amilut hartadi
Tetap manteb slaminya
(3)
Janji suci lire rong prakawis
Dipadha tresna hormat lan setya
Dadya bapa lan ibune
Putra sayektinipun
Eling marang anggering Gusti
Aja wayuh slingkuhan
Mung siji jodhomu
Susah lan bungah tan pisah
Ngono iku kang winedhar Kitab Suci
Rahayu pinanggiha
Dhandhanggula Mazmur 8
(1)
Sinarkara Gusti Mahaasih,
Inggih luhur asma Dalem nyata
Kang luwih gung kamulyane
Saking lare kang nyusu
paring daya aji ing lathi
ambungkem pra duraka
mrih mengsah kaplayu
Wruh angkasa kang rinipta
Kapiyarsi endahing kartika sasi
asor kula punika
(2)
Raos ing tyas sinten jalma niki
Dene Gusti emuting kawula
Amangun kadya citrane
Rinengkuh mulya tuhu
Pinaringan makutha Gusti
Kuwasa mring tumitah
Satwa menda lembu
Peksi lan mina samodra
Sadhengah titah ingkang nyabrang jaladri
Luhur asma paduka
0 comments:
Posting Komentar