TEMBANG RUWATAN LANGENHARJO
Karipta Ig. Sumarno Hp
01. Para sedherek, para mitra budaya ingkang kersa
migatosaken majenging budaya lan basa
Jawi. Mugi sami wilujeng, berkah Dalem Gusti Allah ingkang mahaasih,
katentreman lan karahayon mugi linuberaken dhateng panjenengan lan kula.
Ing ngriki kepareng kula
ngaturaken tembang-tembang macapat asesirah Tembang
Ruwatan Langenharjo ( Pangripta cumondok ing Langenharjo Sala) ingkang saget
kasekaraken kanthi iringan gamelan utawi kentrung cengkok laras madya. Mbokbilih
tembang ingkang kaserat ngandhap saget damel renaning penggalih, lan saget
kasekaraken ing wanci dalu (wulan Sura). Para sedherek ingkang kraos sumpek lan
prihatin menggalih kawontenaning donya ingkang mubeng seser nabrak-nabrak lan
nglindhes menapa kemawon kang kawastanan kolot, kuna, boten njamani, mugi dados
lejar manahipun. Pancen nyata kemajengan zaman ndadosaken gesang makmur ing
babagan kadonyan, namung kemawon ing babagan spiritual, budaya lan basa Jawi
dados mandhek lan malah tinilar dening putra wayah.
Kula kinten kawontenan punika
wau awit kanthah tiyang nandhang sukerta, rereget, salah kedaden ing madyaning
gesang. Sukerta punika kedah dipunicali, dipun resiki supados batin kita dados
murni lan suci. Mugi tontonan-tontonan ing pundi kemawon (langkung-langkung ing
televisi, seratan lan gambar ing internet) saget dados tuntunan awit karancang
mawi tatanan ingkang kapratitisaken kanthi leres.
Tradisi ruwatan minangka
sarana ngicali sukerta utawi rereget dosa kang jalari gesang sangsara dumugining
tiwas kepareng kemawon dipun-transformasi lan dipun uri-uri ing masyarakat Jawi
modern. Dados, ruwatan saget katindakaken mawi bentuk lan cara enggal. Tradisi
ruwatan punika gadhah nilai universal bilih manungsa gadhah sukerta dosa awit
saking tumindakipun piyambak, lan manungsa kepareng reresik, nggetuni tumindak
nglanggar wewaler, tobat ngaku dosa lan wangsul manembah ing pada Dalem Gusti
ingkang dipun-ajaraken agami. Salajengipun mangga sami nglelimbang, kanthi maos
utawi nyekaraken tembang ing ngahdhap.
02.
Tembang Ruwatan Langenharjo
A.
MIJILRUWATAN
1.
Miyos
ing sekar adi rinakit
Marga
langenharjo
Jantra
mlampah seser doh lakune
Nut
ing panggih majenging teknologi
Nabrak.
rambu margi
Mbujung
urip makmur
2.
Kamardikan
saha hak asasi
Demokrasi
manca
Bandha
donya warna pepujane
Mburu
esek-esek nikmat urip
Tindak
tanduk miring
Kpleset
dhawah ajur
3.
Dhatan
eling mring laku rohani
Ninggal
laku tama
ora
ngerti jati sanepane
Gonyak-ganyuk
nilar tatakrami
Basa
Jawi lingsir
Basa
manca kawur
4.
Iku
kabeh ywa dadi sukerti
Dugi
titimangsa
Kalabendu
iku pepecane
Sakweh
barang karya salah dadi
Tambah
mala sami
Sapa
kwasa ngawur
5.
Dedalane
urip nunggal Gusti
Nyingkur
tindak ala
Padha
ngruwat gesang pribadine
Kanthi
adicara donga saji
Wujud
laku batin
Ngudi
gesang luhur
SINOM
1.
Roning kamal kagem putra
Bener
luput ala becik
milih
lampah manggih begja
Ujare
pra wasis nguni
Den
ruwat putra putri
Mrih
Bathara Kala mlayu
tan
mangsa Sudamala
Padha
eling lan waspada
Samya
setya ing nala, nusa lan bangsa
2.
Dene Anom kang karuwat
Ontang-anting
kembar sami
Sendhang
kinapit pancuran
Pancuran
kapit pawestri
Kendhana
lan kendhini.
Sramba,
srimpi, anak wungkus
Pipilan
lan padangan
julung
pujud, wangi, sungsang
Nywun
ruwat Ki Dhalang Kandha Buwana.
3.
Rinuwata wong sengkala
Lungguh
ngadeg tengah kori
Ninggal
dandang sangga uwang
Nyapu
latar resak keri
Adu-adu
lunga ngrumpi
Byar
esuk bedhug sore turu
Ninggal
barang kang menga
Mbakar
bantal klasa rikma
Aja
laku jina kang dadi sukerta
DHANDHANGGULO
1.
Kang rinakit ing sarkara adi
Angruwat
jalma kang sukarta
Amrih
rahayu uripe
Dhalang
Kandha Buwana
wus
murca saking bumi pertiwi
Ginantya
adicara
Agami
kang nuntun
Dudu
sesaji maneka
Nanging
donga, lampah batin ingkang suci
Salah
kedaden sirna
2.
Wonten pitu lampah kang sinirik
Meren
1) , dahwen 2), panasten 3) lan srakah 4) .
Santet
5)
pelet 6) trus brahi-ne 7)
Dosa
pitu lungakna
kanthi
piandel 1), pikajeng 2), asih 3)
prasaja
4), wicaksana 5)
adil
6) kang tinemu,
paring
dana 7) kang sangsara
tiyang
papa, sekeng, miskin lumpuh ugi.
Nyuwun
sih wilasa.
Langenharjo, 1 Juli 2013
|
ANDHARAN (ngoko)
1. Kaserat tembang
mijil endah ing Dusun Langenharja
Grogol Sukoharjo. Rodhaning urip mubeng seser adoh lakune miturut majuning
teknologi kang nabrak-nabrak rambu-rambu aturan margi. Wong-wong ora perduli
mung mbujung urip makmur kepenak dinggo dhewe.
2. Kamardikan.hak asasi manungsa, demokrasi
manca kang dinggo. Materialisme / bandha donya kang dadi pepujane, hedonism mburu
kenikmatan hawa nafsu, Tindak-tanduk ala,ora bener bakal njlom-prongke lan dhawah
ajur mumur.
3. Ora
eling marang laku rohani, ninggal laku utomo, dhatan ngerti sanepaning urip
lan kasunyatan sabenere. Akeh wong
kang gonyak-ganyuk nglelingsemi tanpa tatakrama. Ora bisa nganggo basa Jawa
alus. Basa manca (Inggris, Landa, Arab, Cina) kacampur bawur.
4.
Iku kabeh dadi sukerta ya rereget. Wis tekan
titimangsa kalabendu miturut pepecan.
Sakweh barang karya kacipta salah kedaden. Tambah lelara lan nistha. Sapa kwasa uripe ngawur (Akeh kang padha
korupsi)
5. Dalan
kanggo urip nunggal Gusti Allah, iku urip nyingkur tindak ala. Padha ngruwat
reresik dosane dhewe dhewe kanthi upacara suci awujud sembahyang lan laku
batin, ngudi urip kang bener supaya dadi luhur.
ANDHARAN SINOM
1.
Tembang sinom iki
kagem putra. Bener luput ala becik. Uripmu mulya yen milih bebener, tanpa
rereget. Miturut wong pinter ndhisik, wong kudu ngruwat putra amrih lestari,
supaya ora dipangan Bathara Kala. Buta ora mangan wong kang ora duwe dosa.
Mula elinga lan resik atimu, bener
tindak tandukmu. Padha setya ing swaraning batine dhewe, setya mring nusa lan
bangsa.
2. Dene putra kang karuwat ing zaman dhisik: anak
tunggal, kembar, anak 3 wadon-lanang wadon utawa lanang-wadon-lanang, anak 2
lanang wadon, 4 lanang kabeh utawa 4 wadon kabeh, anak lahir bungkus, anak 5
wadon 4 wuragil lanang utawa 4 lanang wuragil wadon, anak kang lahire esuk
mlethek srengenge, wanci bedhug, sore surup. Nyuwuna Ki dhalang Kandha Buwana
ngruwat.
3. Uga ruwaten wong tumindak ala. Lungguh,
ngadeg tengah lawang, lagi masak utawa adang ditinggal ngala-mun sangga
uwang, seneng lunga ngrasani tangga, turu wanci mlethek srengenge, awan bedhug,
sore surup. Ninggal barang menga tanpa tutup, Seneng mbakari klasa bantal,
rambut. Aja tumindak slingkuh..
DHANDHANGGULO
1. Kang karipta ing tembang adi kanggo ngruwat
wong kang sinukerta, amrih rahayu uripe. Dhalang Kandha Buwana ing zaman
saiki wus ora ana. Ruwatan bisa diganti
nganggo upacara agama. Dudu sesaji dhaharan maneka warna kang kudu ana.
Ruwatan saiki nganggo donga, sembahyang, olah batin amrih suci supaya urip
ora salah kedaden.
2. Ana pitu laku kang kudu disirik: meren, dahwen panasten, nesu, srakah, seneng nyanthet,
melet wong supaya kelet bisa diapusi, nguja birahi hawa nafsu, laku golek
pasugihan. Kanggo nyingkur tindak duraka iku, wong kudu duwe pangandel,
pangarep-arep, tresna asih, urip prasaja, adil lan wicaksana, Nanging uga
tumin-dak paring dana marang para papa. wong kang kacingkrangan, miskin,
lumpuh utawa cacat. Wong kudu prihatin lan sembahyang nyuwun sih wilasa Dalem
Gusti kang mahawelas,
|
03. Upacara Ruwatan
Tradisional.
Masyarakat Jawi dumugi
sapunika taksih nguri-uri basa Jawi lan seni budaya wayang. Basa Jawi taksih
dipun sinau ing Sekolah Dasar, SMP, SMA lan Fakultas Sastra. Sinaosa pagelaran wayang
kulit ing dhusun-dhusun sampun awis dipun panggihi, tiyang taksih saget mirsani
wayang kulit ing televisi (TVRI Jawa Tengah, Jawa Timur) lan nyinau wayang ing
sekolah lan pawiyatan luhur (SMKI, STSI Sala). Kangge tiyang Jawi, wayang boten
namung dados tontonan ugi dados tuntunan kadospundi tumindak leres (moral)
kanthi tatakrama lan unggah-ungguh ingkang sae (etis lan estetis)
Tradisi ruwatan kanthi
pagelaran ringgit wacucal (wayang kulit) dados sarana ngresiki sukerta amrih
rahayuning gesang. Tiyang sukerta kedah dipunruwat kanthi upacara ruwatan
kapimpin Ki Dhalang Kandha Buwana ingkang ngasta lampahan murwakala. Tembung murwakala saking purwa (wiwitan) lan kala (wektu)
tegesipun wektu kawitan, purwaning dumadi. Wigatining sedya supados tiyang
ingkang sinukarta boten dipun mangsa Bathara Kala dados wilujeng gesangipun. Namung
tiyang ingkang wicaksana, mangertos purwa-madya-wasana ancasing dumadi. lan
resik manahipun, kasinungan Roh Dewa Wisnu ingkang saget ngruwat utawi nglukat,
ngedusi Bethara Kala lan tiyang sukerta.
Upacara ruwatan punika ing
Jawi lan Bali sejatinipun karajut saking adat budaya local, Hinduisme lan
Budhisme, Kita saget manggihaken pengaruh saking Epos Mahabharata (Jawa kuna
dados Bharatayuda), naskah Tantu Panggelaran, Kidung Sudamala lan Sri Tanjung, lan kakawin Sutasoma ingkang ngemu piwulang Budha zaman Majapahit.
Miturut carios, Bathara
Kala punika putranipun Bathara Guru
kaliyan Bethari Uma ingkang lahir margi nafsu ageng tan saget kapenggak. Sotya
(semen, sperma) muncrat dhawah ing tengah segara lajeng dados raseksa. Ing
Pawayangan kasebat “Kama salah kendhang
gumulung” Raseksa kang kawastanan Bathara Kala ingkang lahir salah kedaden kala
wau nyuwun tedha dhateng Bathara Guru, lan dipunparingi pangertosan bilih
tedhanipun inggih tiyang kang sukerta kados katur ing tembang Sinom nginggil.
Namung langkung lengkap malih ing seratan R.Ng.Ranggawarsito buku Pustaka Raja
Purwa Lilid1 kaca 194 kasebat wonten 138 sukerta, salajengipun ing Pakem Ruwatan Murwakala Javanologi ingkang
mawi referensi serat Centhini (Sri
Pakubuwono V ) karingkes dados 60, lan ing nginggil namung kaserat dados 2
pupuh, mugi saget kaemut.
Miturut carios ing mulabuka ruwatan
katindakaken dening para dewa awit tumindakipun piyambak nerak paugeraning dewa-dewi.
Punika wau saget kawaos ing kakawin Sumanasantaka,
Parthayana, Krisnandaka, Bimasuci utawi Nawaruci lan kidung Sudhamala. Dene upacara ruwatan ing kidung Sudhamala punika
angruwat Bethari Durga inggih Dewi Uma ingkang kasabda dados raseksi dening
ingkang garwa Bathara Guru (Dewa Siwa). Dewi Durga saget karuwat dening Sadewa sedherek kembar Nakula wuragiling
pandhawa dados dewi sulityo ing warni. Dewi Kunthi ibuning Pandhawa marengaken
Sadewa ngruwat Dewi Durga. Salajengipun Sadewa dipun paringi tetenger Sudhamala dening Dewi Uma. Tembung sudhamala saking sudh = sanyatane resik, lan mala
= rereget, dosa, cacat, ingkang ateges tiyang resik saking rereget dosa.
Pancen Sadewa punika satria ingkang lembah manah, andhap asor, bekti mring bapa
biyung lan bekti mring Gusti. Mitos ing Kidung Sudhamala punika kasungging
wonten ing relief Candhi Sukuh (1359)
Kabupaten Karanganyar Jawa Tengah.
04. Sesajen Ruwatan
Pagelaran Ringgit Wacucal
lampahan Murwakala dening Ki Dhalang Kandha buwana kedah mawi ubarampe: gamelan, wayang kulit lengkap sekothak, kelir
utawi layar, lampu blencong (sinaosa siang kedah murub) lan sesajen maneka
warna. Sesajen wau ingkang kedah wonten, antawisipun :
1)
Tuwuhan:
pisang raja kemrampo satundhun ingkang kapotong sakdebokipun karengga cengkir
gading, wit tebu, ron apa-apa ringin, dhadhap srep,alang-alang, ron kara, ron
kluwih. Sedaya wau kapasang ing cagak pintu ngarjeng minangka dekorasi. Kembar
mayang 2 kaprenahaken ing wingking kelir kanan kering, kembang setaman ing
bokor kapapanaken ngajeng dhalang kangge ngedusi bethara kala lan tiyang
sinukerta.
2)
Anglo,
areng, geni. tepas lan kemenyan (ratus wangi) kagem ubarampe dhalang salebeting
nglampahaken ringgit.
3)
Kain
mori pethak 3 meter kangge alas debok panggungan ngajeng kelir dumugi wingking
layar. Sedherek ingkang karuwat ugi kakemuli kain mori pethak. Supados ngganda
arum papan upacara kaparingan kembang mawar.
4)
Gawangan
kelir ing nginggil karengga kain batik enggal 5 lembar. kain slindur, bango
tulak lan ing kiwa tengen karengga pantun
segedheng ( 4 talenan)
5)
Maneka
warna daharan sega: a) sega golong lan ubarampe (goreng-gorengan, pindhang
kluwih, ayam, pecel), b) sega wuduk kanthi lawuh iwak, lalaban, lombok abang
lan Ijo, brambang, timun, kedele, c) sega kuning kanthi lawuh endhog pitik 3
kadadar, tambah srundeng.
6)
Jenang utawi bubur, jenang abang-putih, jenang
baro-baro.
7)
Jajan
pasar : pisang raja. jambu. salak, arto logam kabuntel ron suruh, gula klapa,
empluk kaisi kacang ijo,kedhele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pitik.
8)
Sajen
: rujak ing bumbung, rujak pisang kluthuk, pring gadhing 5 ros. Sedaya wau katata ing tampah isi tumpeng lan
kuluban, kaprenahaken ing ngajenging Kyai Dhalang. Sasampunipun rampung upacara
pring gadhing 5 ros punika katancepaken ing pojok-pojok griya kaliyan empluk utawi kwali alit kaisi kacang ijo,
kedhele, gereh, kluwak, kemiri, endhog pitik lan dhuwit kanthi ndonga.
9)
Sajen
buwang : takir isi sekul tumpeng alit, lawuh, jajan pasar arupi woh-wohan
mentah ingkang kabucal ing papan-papan kang kaanggep wingit. Sayektinipun
jenising sesajen kepareng boten kedah sami gumantung kawontenan ekonomi lan
kapitadosan tiyang ingkang ngawontenaken ruwatan.
10)
Sumur / sendhang kang kacemplungi klapa mudha. Toyanipun
kapendhet lan dipunsok ing genthong / kolah ngantos kebak kangge siram.
Ing zaman kina ruwatan punika dados kultur koersif (kedah
dipuntindakaken). Namung samangke sampun meh boten dipungatosaken. Mbokbilih
ruwatan kaanggep mboros-borosi lan ngemu tahyul. Mangga kemawon ingkang ngendika
mekaten. Namung menawi tiyang migatosaken babagan simbolisme filosofis
cultural, ruwatan boten dados tahyul. Upaminipun kidung Sudamala ngemu piwulang
kadospundi Dewi Uma bebas saking belenggu roh awon kanthi proses perjuangan.
Dene ruwatan minangka budaya saget dados tandha lan sarana konkret gesang
bebrayan ageng ingkang maneka warna lan multicultural kacetha ing pagelaran
ruwatan.
Solo Baru, 1Juli
2013
0 comments:
Posting Komentar