Sumarno HP

Selasa, 02 Desember 2014

TRADISI SELAPANAN BAYI



TEMBANG SELAPANAN BAYI
Ig.Sumarno Hp
1.    Selapanan
Dalam tradisi Jawa selapanan dimaksudkan sebagai suatu upacara syukur atas kelahiran bayi yang tepat berusia 35 hari. Misalnya, bayi lahir pada Minggu Kliwon maka pesta selapanan tepat pada hari Minggu Kliwon. Seperti kita ketahui bahwa di Jawa orang masih menghitung hari menurut hitungan 7 hari dalam 1 minggu dalam Kalender Masehi yang mengikuti hitungan matahari (sapta wara: Minggu/Ahad, Senin, Selasa, Rabu, Kamis, Jumat, Sabtu) dan hitungan 5 hari dalam 1 pasaran dalam Kalender Jawa yang mengikuti hitungan bulan (pancawara : Pahing, Pon, Wage,Kliwon, Legi). Jadi, selapan = 7 x 5 = 35 hari.
Istilah selapan atau salapan dipakai di beberapa tempat dengan pengertian yang berbeda-beda. Dalam Kamus Umum Bahasa Indonesia (1951)  karangan W.J.S Poerwadarminta  kata selapan dalam bahasa Melayu berarti delapan dan dalam bahasa Sunda berarti sembilan. Kata selapan atau salapan dalam bahasa Jawa dimaksudkan 35 hari atau 7 pasaran. Dalam bahasa Jawa sepasar berarti 5 hari, sedang sepekan dalam bahasa Indonesia satu minggu atau 7 hari. Jadi sepasar tidak sama dengan sepekan.
Rupanya  S.O. Robson (1991) tertarik mencatat tradisi slametan dalam First Questions on the Slametan of Java, State University of Leiden. Dia menyebutkan 2 macam slametan, yakni slametan kehamilan dan slametan kelahiran. Slametan atau selamatan kelahiran meliputi: brokohan, puput puser, nyepasari, nyelapanani, nelunglapanani, mitunglapani, nyanganglapani dan nyetahuni. Dewasa ini tradisi slametan yang masih popular dilakukan banyak orang adalah selapanan. Tradisi slametan tedhak siten / tedhak siti atau upacara bayi boleh turun tanah yakni pada saat bayi berusia  tujuh lapan atau slametan mitung lapani yang biasa dilakukan kalangan menengah ke atas, sekarang sudah  jarang dilakukan di masyarakat Jawa.
2.    Sajian Pesta
Dalam Kitab Primbon Betaljemur Adammakna karangan KPH Cakraningrat disebutkan bahwa materi selapanan sama dengan sepasaran, yakni:  nasi tumpeng kuluban, bubur merah putih, baro-baro atau jajan pasar. Dijelaskan bahwa setelah berusia 35 hari  (selapan) si bayi dicukur rambutnya, dipotong kukunya, Potongan kuku dan rambut disimpan bersama tali pusar dan tahi kelelawar. Kelak benda-benda itu dengan cara tertentu dapat dimanfaatkan untuk suatu keperluan misalnya penyembuhan atau kesaktian.

Dewasa ini pedoman primbon di atas sudah jarang dipakai. Hidangan yang dibuat disesuaikan dengan keadaan dan keyakinan orang tua si bayi. Pada hari Minggu Kliwon November 2014 ketika penulis menghadiri acara selapanan bayi hanya mendapat hidangan tea, snack (kudapan). Setelah selesai ritual dibagikan kardos berisi nasi putih ayam goreng untuk dibawa pulang.

Acara selapanan bayi dimaksudkan untuk menyatakan rasa syukur kepada Tuhan Sang Pencipta atas berkat keselamatan yang diberikan kepada bayi dan ibunya. Sejak acara sepasaran sampai selapanan, sanak saudara, tetangga dan teman-teman datang silih berganti memberikan ucapan selamat dan sesuatu hadiah atas kelahiran si bayi. Sekarang rasa syukur, terima kasih dan kegembiraan itu diungkapkan dengan cara berbagi dengan sanak saudara, tetangga, dan teman dalam upacara selapanan bayi.

3.    Tembang Syukur, Pujian dan Harapan.
Untuk menggenapi acara selapanan itu orang dapat membuat tembang syukur, pujian dan harapan. Di sini penulis mencoba membuat tembang yang dapat didendangkan pada saat yang tepat. Tembang ini berupa Mijil, Kinanti dan Dhandhanggula yang dapat dinyanyikan dengan gaya slendro atau pelog. Anda dapat menggunakan pola tembang sebagai berikut:

a.    Mijil : #  3 6 1 1 ‘ 1 2 3 3 3 3 / 2 2 1 1  21   6 / 3 3 3 21 ‘ 1 6 3 3 3 21 / 1  21 2 3 3 ‘ 2 1 1 16  1 / 12  3 3 3 3 2 /  2 2 1 3 1  2.16 /#

b.    Kinanthi: #  6 1 1 1 ‘ 1   212  3 3 / 3 2 2   212  3 3 2  321 / 5 1 2 ‘ 2 2 2 23   12 / 1 6 6 6 5  36  3  532 / 5 6 6 6 6 6  5  56  / 5  5  56  53 3  3  356  6 #

c.    Dhandhanggula : Lihat pola tembang pada karangan yang lalu.

MIJIL JAWA
1.    Wohing katresnan jati wus mijil
Atmaja kinarsa
Kasowanake mring Pangerane
Nyuwun berkah pasamuan ngriki
nirmala jaladri
Miturut Hyang Agung

2.    Kaserata  mijiling  si bayi
dina saptawara
dalah pancawara petangane
Wulan warsa Jawi lan Masehi
Pranata mangsa (a)-di
Wuku candranipun

3.    Selapan ari  katur mring Gusti
Putra kang kabopong
Sanak kadang dedonga rawuhe
Paring nugraha kanthi tyas asih
Tulus kang linadi
Mrih samya rahayu

KINANTHI
1.    Kanthinen kang putra tuhu
Nggula wenthah mrih mandhiri
Toleransi amrih sabar
Pinuji bisa ngajeni
Urip tinampa mrih mulya
Ajar basa ajrih asih

2.    Angaku iku putraku
Nemu margi gesang suci
Rasa adil bisa nampa
Urip jujur tan ngapusi
Sinau ing kasunyatan
Tresna gawe luhur adi

DHANDHANGGULA
Siyang ratri rineksa ing Gusti
sempulur saking karseng Hy Rama
Kaadhep ing janma akeh
Nenggih umating Ma Agung
tulus ingkang mudya semedi
Dadya sasedyanira
Mangun kang linuhur
Peparab Bagus Putra (Ayu Kenya*)
Kang agawe bungahing gesang se-sami
Luwar saking piala
     *) Yen wadon sinebut Ayu Kenya)
Karipta dening Ig Simarno Hp


MIJIL INDONESIA
1.    Buah cinta kasih telah lahir
Putra yang didamba
Dipersembahkan pada Tuhannya
Mohon berkah yang hadir di sini
Laut kasih murni
Menurut Yang Agung

2.    Tulislah hari lahir si bayi
hari tujuh serta
Lima hari Jawa hitungannya
Bulan tahun Jawa dan Masehi
Pranata Mangsa adi
Kata lambang wuku

3.    Tiga lima hari untuk  Gusti
Anak yang dibopong
Sanak saudara datang berdoa
Beri tali kasih hati suci
Tulus yang tersaji
Smoga slamat slalu

KINANTI
1.    Tuntun dengan benar sungguh
Mendidik agar mandiri
Toleransi biar sabar
Dipuji bisa hargai
hidup ditrima adanya
ajar bahsa cinta kasih

2.    Mengaku itu anakku
Temu jalan hidup suci
Keadilan  dirasakan
Hidup jujur tak bohongi
Kan belajar kebenaran
Cinta kan indah abadi

  DHANDHANGGULA
Siang malam Tuhan menjagai
Bertambah sesuai kehendak Bapa
Di hadap tetamu banyak
Umat Pencipta Ma Agung
Tulus semua bakti samadi
Jadilah yang diminta
mencipta yang luhur
Bernama bagus putra/Ayu Prawan
Yang membawa suka cita insan ini
Bebas dari yang jahat




Di sini disampaikan  panduan doa cara Kristiani untuk upacara selapanan yang disunting dari buku A Sandiwan Brata Pr. 1976. tatacara katolik 1, Kanisius 1976.
WILADAH NYUWUN BERKAH
( Sembahyangan Bakda Babaran )
1.    Konjuk lan Pambagya 
Tema :
Miturut padatan Jawa wiladah iku ora ana. Anane sepasaran utawa selapanan..Sembahyangane miturut  cara Katolik bisa karacik dhewe. Dene wiladah iku tinemu ing Kitab Suci. Nalika Sang Timur yuswa 40 dina, brayat suci tindak mring pedaleman suci, nyuwunake miturut angger-angger Nabi Musa

2.    MASMUR 23
Ref: Pinujia ingkang rawuh atas asmaning Pangeran.
Solo:
1)    Sapa sing kepareng ngunggahi ardining Pangeran, utawa sapa sing kepareng ngadeg ing Pedaleman Suci, wong sing  resik tangane lan murni atine. Kang gagasane ora tumuju marang barang kang semu                       Ref: Pinujia …

2)    Yaiki sing bakal nampa berkah saka Pangeran lan nampa pituwas Dalem saka Gusti Allah Sang Juru Slamete, sing kaya mangkono mau wong sing nggoleki Panjenengane, kang nggoleki pasuryan Dalem Allahing Yakub. Ref: Pinujia….

3.    SEMBAHYANG PAMBUKA
Suwawi sami munjuk : Dhuh Allah Maha Agung lan Maha Mirah, Allah Rama Kawula ingkang ambeg tresna,  brayatipun ……lan kawula sadaya ingriki  ngaturaken panuwun awit sedaya kamirahan Dalem,  dene Bapak Ibu……. sampun kaparingan momongan  kanthi wilujeng. Miturut karsa Dalem supados lare kaupakara kanthi sae kados wewarah  kulawarga Nasaret  ingkang bekti ing Gusti. Kaampingana lan kaparingana berkah pitulungan supados saged nggulawenthah kanthi sae krana Sang Kristus Gusti kawula.  Amin
4.  WAOSAN INJIL : Pethikan Injil Suci ( Luk 2: 22-29)
      Nalika tumeka mangsa nucekake dina miturut angger-angger Nabi Musa, Sang Timur kabekta menyang Padaleman Suci ing Yerusalem perlu kacaosake marang Allah kaya kang tinulis ing anggering Pangeran, -sakehing anak lanang kang mbuka guwa garbaning biyung, bakal sinebut suci ing ngarsaning Pangeran lan perlu caos kurban miturut dhawuh anggering Pangeran : dara sajodo utawa piyik loro.
      Kacarita ing Yerusalem ana sawijining  wong aran Simeon . Dene wong mau mursid lan wedi asih mring Allah, nganti-anti rawuhe Sang Panglipuring umat Dalem, apa dene ingayoman ing Roh Suci. Lan Hyang Roh Suci wus paring wangsit, ora bakal ngalami pati sadurunge nyawang Sang Jinebadan ing Pangeran. Krana panuntuning Roh Suci Simeon sowan ing padaleman suci. Nalika rama ibu Dalem mbekta Sri Yesus Sang Putra perlu netepi dhawuh kagem Panjenengane, manut padatane angger-angger. Simeon mbopong Sang Timur karo muji ing Allah, unjuke,  “ Gusti, kalilanana abdi dalem mundur kanthi tentrem kados pangandika Dalem, awit mripat kawula sampun nyipati kawilujengan Dalem, ingkang sampun Sampeyan Dalem cawisaken wonten ngajengipun sedaya bangsa .Pepadhang minangka wedharan dhateng para kapir lan dados kamulyaning kawula Dalem Israel.
Mekaten sabda Dalem Gusti

 HOMILI  CEKAK (Bisa diisi tembang ing dhuwur)
5.   Sembahyangan Umat
6.    Nyembahyangaken Anak : Kidung Adi 43
7.    Rama Kawula……., Sembah Bekti ……Mugi Linuhurna …
8.    Berkah Panutup
Ndherek Dewi Maria
Ndherek Dewi Mariatemtu geng kang manah
Boten yen kuwatosa Ibu njangkung tansah
Kanjeng ratu ing swarga amba sumarah samya
Sang Dewi-Sang Dewi mangestonana 2x
Nadyan manah getera, dipun godha setan
Nanging batos engetnya wonten pitulungan
Wit Sang Putri Maria, mangsa tega anilar
Sang Dewi-Sang Dewi mangestonana 2X

                                                        Solo Baru,   Nov 2014

1 comments:

tutorial blog mengatakan...

terima kasih informasinya salam dari kami suryapratamafx dot com

Posting Komentar