ANDHARAN CEKAK TRADISI SURAN (1950 Th.Jawa)
Kalender Jawa
Ing zaman kuno wong Jawa migunakake kalender asli sinebut pranata mangsa. Ing kono ana 12 titimangsa yaiku: Kasa, Karo, katelu, kapat, kalima, kanem, kapitu, kawolu, kasanga, kasepuluh, Dhesta, Sadha kang cacahe dina beda-beda. Mangsa Kasa (kartika) diwiwiti tanggal 22 Juni 1 Agust (41 dina). Sasi iki ( Okt 2016) ngancik mangsa Kapat (Sitra) 18 September - 11 Oktober 2016) kang cinandra sifat alam WASPA KUMEMBENG JRONING KALBU, tegese sedih, prihatin. Wong-wong kepengin nentremake pikiran. Warna kang cocok ngagem biru utawa anggur abang, kembange gradiol.
Nalika Hindu lan Budha mlebu, wong Jawa uga melu migunakake kelender Caka (Syaka). Kalender iku asal usule saka India kang bisa ngrukunake suku-suku bangsa Caka, Yuenci, Yuwana, Malawa kang sadurunge padha cecongkrahan lan perang. Banjur kalender Caka iku diasta AJISAKA saka Kshatrapa Gujarat India menyang tanah Jawa (456 M) dipigunakake ing kraton Mataram Kuno, Kediri, Singasari, lan Majapahit.
Nalika Islam mlebu, ing kraton Demak, Pajang, Mataram wong-wong Islam migunakake kalender Hijriyah kang nganggo petungan Qomariyah ( lunair) Dene para tani lan seperangan rakyat isih migunakake pranata mangsa lan kelender Caka kang nganggo petung Syamsiyah (surya). Amrih panguwasane Sultan Agung (1613-1645) saya tambah santosa lan rakyat bisa nyawiji, kalender Caka digarap lan dicundhukake karo kalender Hijriah. Owah-owahan iku klakon ing 1 Suro Tahun Alip 1555, 1 Muharam 1043 Hijriyah, dina Jumat Legi 8 Juli 1633 Masehi.
Larah-larahe Pengetan Suran
Ing Majapahit saben warsa enggal Caka (Sasi Caka: Srawana, Bhadra, Asuji, Kartika, Posya, Margasira, Magha, Phalguna, Cetra, Wasekha, Jyesta, Asadha) dianakake riyaya tahunan ing alun-alun kraton. Pengetan iku kawedharake ing Kakawin Negara Krtagama rinipta Rakawi Prapanca ing pupuh VIII,XII, LXXX, LXXXXV. Ing dina riyaya iku kabeh lurah, para prajurit manggalaning praja, pandita Civa Budha, para raja padha ngestreni. Wigatining riyaya: atur panuwun mring Gusti lan memetri amrih luhuring budi. lan kawilujenganing negari. Bhagavat Gita III, 10 paring wejangan yen manungsa kudu ma-yajna mring Deva Bhathara, mring sesami lan pratiwi. Adicara ing Majapahit iku sinebut RAJAWEDA utawa wilujengan nagari.
Sabanjure ing zaman Demak, upacara wilujengan utawa slametan negari isih katindakake kanthi sesajen daging mahesa (kebo). Dene sebutan sesaji Rajaweda diganti jeneng MAHESA LAWUNG. Sesaji dianakake ing alas Krendhawahana ing ngisor wit Ringin. (makalah PaKaSa IF Sukarno Putranagara 2013). Ing zaman PB X slametan mahesa lawung ditambahi KIRAB PUSAKA Kangjeng Kyai Slamet. Supaya khidmat para pendherek kudu sopan, meneng, ora gegojegan sajroning kirab pradaksina ngubengi kraton ing tengahing dalu siji Suro. .
Banjur apa perlune wong Katolik melu-melu acara Suran? Ana kang ngendika ORA PERLU sebab iku dudu riyaya Katolik. Nanging ana kang ngendika YA ORA SALAH. Sebab bisa dinalar dijupuk wredine, nilai kang universal ing tataran budaya. AYO DIGOLEK Mesti ana kautaman kang bisa dipundhut,. Banjur apa temane Riyaya Sura tahun iki? Jawabane bisa nebeng tema Misa Minggu 2 Oktober 2016 yaiku PENGANDEL AMBUKA MARGA LAN NUNTUN LAKUNING URIP SALAMINYA.
(marenoslo@gmail)
Titipan sembahyang umat:
LEKTOR:
Kagem umat ingkang rawuh ing pengetan dalu Sura punika, dhuh Gusti, mugi pinaringan katentreman lan manggih kawilujengan dados murid Dalem Sang Kristus ingkang wetah lan ajrih asih, ingkang taksih ngrukti kautamen Jawi. Kawula nyuwun
UMAT :
Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.
BUBUR SURO / BARIKAN SURO
Panitia supaya ngetung piro cacahe tamu kang rawuh. Supaya gampang saben kring / lingkungan diwenehi tugas nyiapake konsumsi. Aja lali nyiapake bubur suro / barikan sura.
Bubur digawe saka beras lan santen, dipyuri pipilan jagung mateng. Lawuhe sambel goreng, krecek, bregedel, abon, telur dadar diiris tipis-tipis, krupuk urang. lan kedele ireng goreng dipyurake dhuwur jenang kang diwadhahi takir.
0 comments:
Posting Komentar