Sumarno HP

Sabtu, 01 Oktober 2016

MIWITI TRADISI SURAN DALEM SUCI MANCASAN BAKI KAB.SUKOHARJA

MIWITI TRADISI SURAN DALEM SUCI MANCASAN BAKI KAB.SUKOHARJA
Larah-larahe Pengetan Suran
Ing Majapahit saben warsa enggal Syaka (Sasi Caka: Srawana, Bhadra,  Asuji,  Kartika, Posya, Margasira, Magha, Phalguna, Cetra, Wasekha, Jyesta,  Asadha) dianakake riyaya tahunan ing alun-alun kraton. Pengetan iku kawedharake ing Kakawin Negara Krtagama rinipta Rakawi Prapanca ing pupuh VIII,XII, LXXX, LXXXXV. Ing dina riyaya iku kabeh lurah, para prajurit manggalaning praja, pandita Syiva Budha, para raja padha ngestreni. Wigatining riyaya: atur panuwun mring Gusti lan memetri budaya amrih luhuring budi. lan kawilujenganing negari. Bhagavat Gita III, 10 paring wejangan yen manungsa kudu ma-yajna mring Deva Bhathara, mring sesami lan pratiwi. Adicara ing Majapahit iku sinebut RAJAWEDA utawa wilujengan nagari.                                                                          
Sabanjure ing zaman Demak, upacara wilujengan utawa slametan negari isih katindakake kanthi sesajen daging mahesa (kebo). Dene sebutan sesaji Rajaweda diganti jeneng MAHESA LAWUNG. Sesaji dianakake ing alas Krendhawahana ing ngisor wit Ringin. (makalah PaKaSa IF Sukarno Putranagara 2013). Ing zaman PB X  slametan mahesa lawung ditambahi KIRAB PUSAKA Kangjeng Kyai Slamet. Supaya  khidmat para pendherek kudu sopan, meneng, ora gegojegan sajroning kirab pradaksina ngubengi kraton ing tengahing dalu siji Suro.        .
Banjur apa perlune wong-wong saiki melu-melu acara Suran? Ana kang ngendika ORA PERLU sebab iku dudu riyaya Hindu, Budha, Islam. Kristen Katolik, Ing kalangan Muslem 1 Suro ora ana prastawa penting kang hukume wajib dipengeti. Pancen ing sejarah tanggal 10 Asyura, dina kasepuluh Rammadan, ana prastawa nggegirisi yaiku bani Ummayah mateni Amir Hasein, wayahe Nabi,  ing padang Karbala. (Abdul Wahab al Kasyi 1996:30) Jroning hikayat Mohammad Hanafiah  dilukisake, “ Pada ketika amir  Husein syahid itu arasy Allah dan kursi gemetar, bulan dan mataharipun redup tujuh hari tujuh malam lamanya segala alam pun kelam kabut karena amir Husein terbunuhlah…kepalanya diperceraikan orang. Demikian halnya disembelih orang zalim, supaya kita ketahui hidup di dunia tiadakan kekal.” (LF  Brakel 1975, teks nomor 490-500). Mula dening sebagian umat prastawa iku di- ngendikakake ora perlu diriyayakake kaya zaman Majapahit.
 Nanging ana kang ngendika YA ORA SALAH. Sebab iku adat Jawa wiwit sadurunge Majapahit, sebab bisa dinalar dijupuk wredine, nilai kang universal ing tataran budaya. AYO DIGOLEKI, mesti ana kautaman kang bisa dipundhut,. Banjur apa temane Suran? Jawabane bisa digoleki bareng, tak temokake mangkene: PENGANDEL AMBUKA MARGA LAN NUNTUN LAKUNING URIP SALAMINYA.

Ing warsa iki (1950 TJawa= 2016 M) sawenehing umat Katolik nganakake pengetan Malem Sura ing Dalem Suci Maria Vianey Mancasan, Baki, Sukoharjo. Kebeneran dina 1 Oktober iki umat Katolik miwiti sembahyangan Rosario ngurmati Ibu Maria lan bangsa Indonesia mengeti HARI KESAKTIAN PANCASILA. Bubar sembahyang dianakake kirab gunungan sayur, woh-wohan, dahar bubur Suro, banjur wungon kairing tembang macapat. Dene racikan barikan BUBUR SURO lan tembang macapat kaaturake ngisor  iki.

BUBUR SURO / BARIKAN SURO
Panitia ngetung piro cacahe tamu kang rawuh. Supaya gampang saben kelompok lingkungan diwenehi tugas nyiapake konsumsi. Aja lali nyiapake bubur suro / barikan sura.lan dahar tela pendhem, pohong, lsp.
Bubur digawe saka beras lan santen, dipyuri pipilan jagung mateng. Lawuhe sambel goreng, krecek, perkedel, abon, telur dadar diiris tipis-tipis, krupuk urang. lan kedele ireng goreng dipyurake dhuwur bubur kang diwadhahi takir.

Sabubare gunungan suro diberkahi lan dipyuri tirtasuci nembe kepareng di-dum diparingake marang umat kang rawuh, banjur padha dhahar bubur suro, sinambi mirengake tembang macapat.

TEMBANG MACAPAT SURAN
Masa Kapat (Sitra) Siji Sura, 1950 Jawa / 1938 Caka,Radite 1  / Minggu Kliwon 2 Oktober 2016 rinacik ing tembang ngisor. Supaya padha ngerti maknane tem-bang Macapat iki uga ditulis nganggo basa Indonesia kang bisa ditembangake kanggo pambuka lan ing sela-selaning sarasehan.
GENDHING WIWITAN
(Syair Ig. Sumarno Hp , Arr. Kusnanto )
Pelog:      7   1     3   3    3   3    3     3     4     5        4    3
               Purwaning a-tur sembah syukur mring Gusti,
1     7  7   7     7    1   1     6    7   1
               Wit paringing Allah  tan  u-pa-mi
       4   3   3    3   3    3   3   3    3  4   2   3
                Mugi berkahing Gusti lumuber sami
       3     4      5    5     4    3    4    5
               Mangga ngidung kagem Gusti
1    6     7   7    7   5   4  3
                Kanthi repen Gi- ta  A-di

# Sung pepuji  asma Dalem Sang Hyang Putra / Sajroning gesang bebrayan agung / Mangga martosaken kabar kabungahan / Katentreman lan rahayu / Ndherek manembah satuhu #
# Panglipur amba dumugining wasana / Hyang Roh Suci paring daya luhur / Gustining tumitah ing donya sawegung / Nunggil Hy Rama Hy Putra / Inggih Allah slaminipun #
DHANDHANGGULO
(1)
Rinakit ing sarkara Sura di
Dalu Sura ing Mangsa kapapat *
Waspa kmembeng candrane *
Sangalas  lima kawung *
Murwa warsa dhuh Gusti mba puji
Kautaman elinga
Jawahna  rahayu
Nyuwun luwaring duhkita
kang sinartan berkah dayaning Roh Suci
makarya kagem bangsa
(2)
Warsa Jawi wiwitane nguni
Klawan hana caraka aksara
Saka Hindia asale
Wangsa Syaka rumuhun
Nganggit saptawari lan rolas sasi
Kaasta Ajisaka
Mring Jawi rinengkuh
Anyandhing pranata mangsa
Sultan Agung gya nglaras warsa Jawi
Surya rineka candra
(3)
Wiwit nguni sami wosing gati
Ing wulan Sruta kawula sdaya
Majapahit kalane
Samya seba tumungkul
Muji Gusti anjagi bumi
budaya leladi bangsa
Asih tresna ing laku
Tebih ing tindak durjana
Dhatan srakah cengkah dhengki lan meri
Dadya berkahing bangsa
(4)
Rasaning tyas samya karsa asih
Pangarsaning nagri winisudha
gething serik kasingkirke
Ngabdi bangsa mrih hayu
Tebihna srakah ngangsa korupsi
Lan bebendu  kalisna
 Paceklik pagebluk
Amrih raharjaning  bangsa
Mangga sami nyuwun wilasaning Gusti
Kanthi sungkem ing pada..

*) Kacocokake karo dina sasi tahun.

(1)
Terangkai  di tembang Sura (a)-di
Malam Sura di bulan keempat
Air- mata tetes kiasnya
Eka nawa lima nul
Di bulan satu Tuhan kupuji
Ingatlah yang utama
Slamat bersamamu
 Mohon lepas dari duka
Yang disertai terang daya Roh Kudus
Berkarya untuk bangsa

(2)
Tahun Jawa mulanya di sini
Dan hana caraka aksaranya
Dari India asalnya
Suku Syaka dahulu
Ciptakan nama bulan hari
Dibawa Ajisaka
Ke Jawa bertemu
Bersanding pranata mangsa
Sultan Agung mengganti tahun Jawa
jadi Tahun Bulan.
(3)
Sejak lama sama makna- (nya) kini
Di bulan Shruta warga bersama
Majapahit zamannya
Datang bersembah sujud
Puji Tuhan lestari bumi
Budaya mengabdi bangsa
Kasih cinta berlaku
Jauh  dari tindak  jahad
Srakah, iri, bohong dan saling membenci
Jadilah berkah bangsa
(4)
Rasa hati terasa mengasih
Slamat Presiden tlah diwisuda
Benci dendam  tersingkirkan
Abdikan bangsa satu
Jauhkan srakah kuasa korupsi
Dan bencana jauhkan
Penyakit dan busung
Demi keslamatan bangsa
Mari mohon kerahiman Hyang Ilahi
Bersembah kepada-Nya

Dening Ig.Sumarno Hadipuspito



TEMBANG MIJIL
Ig.Sumarno Hp
 Padha eling mring laku rohani
Nyingkur tindak cidra
mugi ngerti jati sanepane
Dhatan anilar mring tatakrami
Ngrumat basa Jawi
Budaya kang luhur

 Iku kabeh mrih dadi mangerti
Eling titimangsa
Kalabendu iku pepecane
Sakweh barang karya salah dadi
Tambah (me)mala sami
Durangkara lebur

 Dedalane urip nunggal Gusti
Tresna mring pepadha
Samua ngruwat gesang pribadine
Kanthi adicara donga saji
Wujud laku batin
Ngudi gesang luhur

Langenharja, 1 Oktober  2016




0 comments:

Posting Komentar